Minggu, 17 Februari 2008

aku kasmaran

bener-bener aku lagi kasmaran, dudu karo wanito, priyo utowo rondo. aku kedanan karo iki, donyo kang ra nyoto. awite setengah taun kepungkur. kepengenku nulis ae utowo uthek-uthek opo wae ben katone apik (nanging yo ra isoh apik, la wong utekku dedel). nganti anak lan bojoku wae koyo-koyo tak kalahke, mung tak nggo nuruti kekarepanku iki. luwih-luwih aku ngene iki ra kudu mbayar, alias gratis, paling-paling urun duwit nggo tuku kopi lan udud. eee malah nyasar entuk kenalan randa ayu, alim sih nom. umpomo aku rung duwe bojo ra nolak aku yen deknen gelem karo aku. gandeng aku wis duwe bojo yo wis nggo konco wae malah tak anggep mbakyu, mumpung ae aku kawit cilik ra duwe mbakyu.

pancen tenan donya sing iki ngangeni.

2 komentar:

Unknown mengatakan...

ngatos-atos le Pak Guru, hehe
Emut kalih sing wonten ndalem...

dados kemutan sayembara wonten blog sebelah : mekaten
" Sopo wonge sing isoh nemokke dompetku sing ilang, Nek Wadon tur ayu tak pek bojo, nak lanang bojone tak pek.... "

hehe. gojegan kersane boten stress Pak.
Suwun.

De JAWIR mengatakan...

sugih tanpo bondo