bener-bener aku lagi kasmaran, dudu karo wanito, priyo utowo rondo. aku kedanan karo iki, donyo kang ra nyoto. awite setengah taun kepungkur. kepengenku nulis ae utowo uthek-uthek opo wae ben katone apik (nanging yo ra isoh apik, la wong utekku dedel). nganti anak lan bojoku wae koyo-koyo tak kalahke, mung tak nggo nuruti kekarepanku iki. luwih-luwih aku ngene iki ra kudu mbayar, alias gratis, paling-paling urun duwit nggo tuku kopi lan udud. eee malah nyasar entuk kenalan randa ayu, alim sih nom. umpomo aku rung duwe bojo ra nolak aku yen deknen gelem karo aku. gandeng aku wis duwe bojo yo wis nggo konco wae malah tak anggep mbakyu, mumpung ae aku kawit cilik ra duwe mbakyu.
pancen tenan donya sing iki ngangeni.
Minggu, 17 Februari 2008
aku kasmaran
patang tahun kepungkur
sewu sangangatus sangangpuluh pitu
aku lan kowe ketemu
ono ing swasono kang kepekso
mergo aku lingsem
banjur ora nyono
aku lan sliramu dadi tresno
enem taun suwene
aku lan sliramu gayut katresnan
podho ra kuwat ngampet pepisahan
yo beno mung sedelo
nanging...
opo sing tak impekake endah
kanyatane pait
ngluwihi brotowali
taun rongewu telu
ono ing lincak ngarep omahmu
kaseksen deneng tibone banyu udan
lan ademe kahanan
kowe njaluk pisah
pedhot katresnan
sak lawase
sak iki wis patang taun lawase
aku lan kowe pisahan
tanpo kabar tanpo warto
dadi koyo memungsuhan
rosoku
yen wis linsir wengi
tansah katon gambarmu
mlaku-mlaku sak jroning pikirku
tansah gawe runtiking atiku
ra isoh tak sirnakake
yo pancene aku tresno sliramu
tak pujo-puji esuk klawan mbengi
tak impi-impi dadiyo sanding uripku
roso wegah awak iki
roso lungrah rogo iki
roso sepi jiwo iki
yen sedelo wae ra ketemu sliramu