Jumat, 14 Maret 2008

ketemu calon bojo

sak suwene setahun aku mulang, neng sekolahan liyane. wektu iku aku mulang telung sekolahan. neng sekolahan sing ketelu aku mulang matematika, dipercoyo mulang kelas loro. wektu iku aku isih galak-galake.

Selasa, 04 Maret 2008

bacutane

sakwise aku pisahan (walah koyo wong cerai wae) banjur aku malyu neng kuto iki, mergo diusir bapakku kon ndang golek gawe. wis sepet netrane ndelokke aku neng ngomah mung kluntang-kluntung ra nggenah, malah melu-melu nyambut gawe nguli. bapakku tambah le ra seneng.

tekan kene aku melu manggon neng nggone pak likku. jenenge wong nunut yo kudu gelem nandangi gawean opo wae.

cekak- ing crito, aku banjur entuk gawean mulang neng sekolahan Muhammadiyah. aku dipercoyo mulang fisika. pas wektu kuwi ana pelatihan sing kudu tak eloni sak suwene rong minggu manggon neng Bandung. mongko aku durung pernah sepisan wae dolan-dolan neng bandung, alhamdulillahe tekan nggone.

Sak rampunge pelatihan aku terus mulang pelajaran fisika, padahal mbiyen ndek aku sma blas ra mudeng fisika. tur sak jane aku wegah dadi guru. mergo opo, mergo aku ra isoh mulang, ra isoh ntransfer ilmuku nyang wong liyo opo maneh yen aku isohe otodidik, blas tambah ra ngerti kudu awit soko ngendi lehku arep nerangke menyang bocah-bocah. ning piye maneh tak lakoni wae, suwe-suwe mengko rak yo lanyah.

setahun aku mulang neng sma, karo kepala sekolah smp muhammadiyah aku kon mulang matematika kelas telu, ra baen-baen, ketar-ketir rasane matematika di-UN-ke tur durung ono pengalamanku ngenani soal-soal UN smp. tak lakoni lan ndilalhe tauh pertama aku mulang metmatika sing ora lulus mung wong 10 soko 150 murid. bejo tenan.

nganti tekan saiki aku isih dipercoyo kon mulang matematika kelas 3 smp malah ditambahi fisika kelas siji, loro, lan telu.

dho dongak-dongakno lehku mulang dadi amal soleh.